Bahasa Daerah

Bab 1: Basa Rinengga

Basa Rinengga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati.

Jenis basa rinengga

  • Tembung Saroja

Yaiku tembung loro kang podo tegese utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi siji.

  • Tembung Entar

Yaiku tembung silihan kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae.

  • Wangsalan

Yaiku unen-unen utawa tetembung kang saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis sinandi ing wanda-wandaning tembung-tembung.

  • Paribasan

Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan.

  • Bebasan

Yaiku unen-unen panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan.

  • Saloka

Yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

  • Purwakanthi

Yaiku gandhenge swara sing mburi karo swara sing wis kasebut ing ngarepe.

  • Parikan

Yaiku pantun ing bahasa jawa.

  • Pepindhan

Yaiku tembung kang digawe kanggo unen-unen sajeroning basa jawa kang ora ngemu surasa kang sejatine.